Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2009

Geguritan Adhi Lanang

Dening L.Y.Dian S. Biyen… Nalika kuna pekecu Pancen kuwi kleru Duwe rasa gawe kuciwa wong sadonya Isin menawa keeling Ati krasa kajuwing- juwing Pangawemu dadi krenteging ati Biyen… Bebasan urip lir lampu senthir Disebul Mati angel murup tibane Pedhut Biyen… Tresna kapantha-pantha Siji iki Esuke dudu Klaras kobong panas mbiset kulit dhadha krasa semromong Tanpa daya gegandhulaning ati Mlayu marak tanjung mas kang peni Biyen… Mung tangis kang miris Mung lara kang jero Rasane urip mung kari sakler Kalindhes ambles Cures Tresna kuwi kleru Saiki… Alon-alon tatuning ati kapupuk tamba Ora ana liya kajaba Eseme thole nglalekake sekabehe Aku duwe urip dhewe Atiku kanggo dheweke Thole bagus lintang sumunar ngrembaka salira Saben ilining ambegan mung thole anak lanang Panjalukku biyen… biyen… Saiki lumaku ing dalane Dongaku kabeh apik Memitran dadi kadang Aja kolali lupute ngimpi Aja kobuwang sarehne gumlewang Dadi sedulur sinarawedi Mukti uni Aja Koterusake dening Semarang, 12 Maret 2009