Pasrah Temanten Kakung

Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun, kulanuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti Allah, Mugi Rahayua sagung dumadi, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula tuwin panjenengan sadaya.
Nyuwun sewu awit kalepatan kula, dene anggen kula cumanthaka marak mangarsa hangempil kumadikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun jejibahan luhur. Kula pun Sasongko piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu Bambang Raharjo kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, nakmas Bagus Sujatmika mugi katur panjeneganipun Bapak Aji Rujito sakulawarga.
Panjenenganipun Bapa Firman Wibisono ingkang jumeneng hangembani talang atur minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapak Aji Rujito ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosipun sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu Bambang Raharjo boten saged nindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, awit wekdak sapunika nembe nyandhang cepaka sawakul, pindhane kajugrugan gunung madu ingkang putra badhe palakrami. Pramila naming saged ngaturaken salam taklim mugi katur ing panjenenganipun Bapak/Ibu Aji Rujito ingkang lumantar kawula Kanthi pepuji mugi rahmating Gusti Allah tansah kajiwa wonte keluwarga Bapak/Ibu Aji Rujito sakuluwarga lan tetepa winengku ing suka basuki.
Jangkep kaping kalih masrahaken putra calon temanten kakung pun Bagus Sujatmika atmaja kakung saking Bapa/Ibu Bambang Raharjo ingkang pidalem ing Rejosari Gajahmungkur. Ingkang badhe kadhaupaken kaliyan rara Ayu Dewi Sulastri, Kenya putrinipun Bapak/Ibu Aji Rujito hanyarengi dinten Respati Palguna surya kaping 3 Januari 2007. Mugi-mugi tumapaking ijab mangke lumampah kanthi lulus raharja, saged atut runtut ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya.
Ingkang pungkasan mbok bilih anggen kula sapangombyong anggen nglarapaken sowanipun penganten kakung kirang suba sita tuwin tatakrami, kersaa nglunturaken pangapunten ingkang ageng. Mbok bilih anggen kula matur minangka talangipun basa cewet kuciwane atur, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS